Contoh Sungkeman Ucapan Minta Maaf pada Orang Tua saat Lebaran Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa

- 22 April 2023, 06:00 WIB
Contoh Sungkeman Ucapan Minta Maaf pada Orang Tua saat Lebaran Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa
Contoh Sungkeman Ucapan Minta Maaf pada Orang Tua saat Lebaran Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa /Freepik/rawpixel.com

7. "Pak, bu, sedoyo lepat kulo nyuwun pangapunten nggih?"

8. "Kulo tiyang enem, nyuwun pangapunten sedoyo kalepatan kawulo dumateng Bapak/Ibu/Mbah."

9. "Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko."

10. "Kepareng matur dhumateng (bapak/ibu) sowan kula wonten mriki, ingkang sepisan silaturrahim, kaping kalihipun ngaturaken sugeng riyadi, ngaturaken sedaya lepat nyuwun pangapunten, kaping tiga nyuwun donga pangestunipun supados kula saged dados putra ingkang sholeh, migunani dhateng agami, nusa, bangsa, lan nagari, lancar anggenipun pados ilmu ingkang manfaat, gampil anggenipun pados rejeki ingkang halal lan thayyib, saha sukses nglampahi gesang ing donya lan akhirat."

Baca Juga: 3 Golongan Manusia yang Celaka di Bulan Ramadhan, Nomor 3 Wajib Diwaspadai

11. "Kepareng matur simbah sepisan kula sowan mriki mboten sanes badhe silaturahmi, kaping pindhonipun ngaturaken sugeng riyadi, sedaya lepat kula nyuwun agunging pangapura, ingkang kula sengaja menapa mboten dipunsengaja mugi-mugi saged dipunlebur ing dinten riyadi menika."

12. "Dinten meniko dinten bakdo riyadi, kula menawi gadah kalepatan ingkang disengojo lan mboten disengojo dumateng panjenengan sak keluargo kula nyuwun agunging samudro pangaksami."

13. "Kulo mriki sowan dateng ngarsanipun bapak/ibu/mbah, kulo nyuwun pandonganipun bapak/ibu/mbah, kulo nyuwun pangapunten seagengipun samodra pangaksami dhateng sedaya klenta klentunipun lampah kulo tumindak lan anggene kulo matur ingkang kulo jarag nopo dene mboten dipun jareg. Semanten niko kulo nyuwun mugi mugi saged ndadosaken penggalihipun panjenengan lan manahnipun kulo tentrem. Lan ingkang ugo kito suwun suwun, mugi ibadah kulo lan panjengengan saged ketampi ing ngarsane gusti Allah SWT lan mugi Allah kersa maringi pangapunten dumateng sedaya kelepatan kito sedoyo."

14. "Kulo tiyang enem mbok bilih katah klenta klentu anggene kulo matur lan tindak ingkang ndadosaken penggalihipun panjengenan ingkang langkung sepuh mboten sekeco, kulo aturi ngapunten seagengipun dhateng sedaya kelepatan menika wau."

Halaman:

Editor: Ajeng R H


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah