sedaya wujud pahargyan minangka wujud rasa syukur kita marang Allah amargi pinaringan bisa nindakake ibadah ing wulan Ramadhan niki, kedah ditindakake kanti merhatosaken kahanan pandemi, yaiku kanti netepi protokol kesehatan.
Keputusan saha kebijakan pamarentah supados masarakat njagi 5 M; menjaga jarak, memakai masker, mencuci tangan, menjauhi kerumunan dan mengurangi mobilitas, mangga sareng sareng kita taati lan kita perhatosaken.
Keputusan pamarentah menika adhedhasar pertimbangan kanggo njagi kenyamanan saha kemaslahatan, supados wabah pandemi mboten soyo sumebar, mboten kathah tiyang utawi masyarakat ingkang kenging utawi ketularan Covid-19. Keputusan menika jumbuh lan cocok kalian kaidah fiqhiyah
تَصَرُّفُ الْإِمَامِ عَلَى الرَّعِيَّةِ مَنُوْطٌ باِلْمَصْلَحَةِ
(tashorruful imam ‘alar raiyah manuthun bil mashlahah).
Artinya: Kebijakan pemerintah iku diputusne kanggo nyiptaaken kemaslahatan.
Keranten keputusan pemerintah menika sampun diputuskan kanti pertimbangan kemaslahatan, demi njagi warganipun saking wabah Covid 19, pramilo minongko warga nagari ngkang sae.
mangga kita manut saha ngestokaken kebijakan pamarintah kasebat. Menika cocog saha jumbuh kaliyan dawuhipun Allah wonten QS. al-Nisa: 59:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُولِي الْأَمْرِ مِنْكُمْ فَإِنْ تَنَازَعْتُمْ فِي شَيْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللَّهِ وَالرَّسُولِ إِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآَخِرِ ذَلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلًا )النساء/59(
Hai wongkang podo beriman, taat/manuto marang Allah lan taato marang Rasul, lan ulil amri utawi pamarintah. Tumuli lamun to siro bedo pendapat tentang suwijine masalah, balekno masalah kuwi marang ketentuane Allah (Al Quran) lan ketentuan Rasul (sunnah).