Khutbah Idul Fitri 2021 Bahasa Jawa, Rayakan Riyoyo Ing Mongso Pandemi

- 10 Mei 2021, 15:40 WIB
Ilustrasi khutbah Idul Fitri di rumah
Ilustrasi khutbah Idul Fitri di rumah /Pexels/The_MrDan

مَا لا يُدْرَكُ كُــلُّه لا يُتْرَكُ كُلُّه

ma la yudroku kulluh la yutroku kulluh (urusan sing ora bisa dilaksanakan sekabehane kanti sempurno, aja tumuli ditinggalkan sekabehane, dilakoni wae sak candake).

Dados, nalika ketemu langsung ora bisa ditindakake, amarga sebab pandemi, ora ateges babar pindah mboten silaturrohmi, nanging silaturrohmi bisa ditindakake kanti cara liyo, koyo liwat telpon, telpon video utawa media online liyane.

Baca Juga: Arya Saloka Isyaratkan Pamit dari Ikatan Cinta, Peran Aldebaran Dibuat Meninggalkan, Amanda Manopo: Panik Ya

Semanten ugi, sedulur kita ingkang wonten tahun menika mboten saget mudik, amarga pandemi,  piyambakipun ugi saget  sesambungan karo wong tuwa, sedulur kanti coro online, nganggo telpon, WhatsApp lan fasilitas media liyane.

Kita kedah mangertos lan memahami bilih kebijakan pamrentah  nglarang mudik menika dalam rangka nyegah bebaya ingkang langkung ageng, inggih menika soyo kathah masyarakat ingkang kenging saha ketularan Covid 19. Larangan mudik menika cocog  lan sesuai kalian kaidah fiqhiyah:

دَرْءُ الْمَفَاسِدِ مُقَدَّمٌ عَلَى جَلْبِ اَلمَصَالِحِ

dar’ul mafasid muqaddamun ala jalbil masholih (ngedohi kerusakan (mafsadah) kudu didisekne tinimbang narik/golek kemaslahatan).

Mulih/mudik kagem kepanggih saha silaturrohmi kaliyan tiyang sepah kekalih, sedulur niku sae lan mengku  maslahah.

Ananging, mulih utawi mudik ugi duweni potensi  nyeyebabaken sumebare Covid 19. Tentu menika saget menimbulkan mafsadah.

Halaman:

Editor: Robi Maulana

Sumber: nuponorogo.or.id


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah