15 Ucapan Sungkeman Hari Raya Idul Fitri 1443 H Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Mengharukan

- 30 April 2022, 14:00 WIB
Kumpulan ucapan sungkeman dan kata-kata permohonan maaf Hari Raya Idul Fitri 1443 H dalam Bahasa Jawa
Kumpulan ucapan sungkeman dan kata-kata permohonan maaf Hari Raya Idul Fitri 1443 H dalam Bahasa Jawa /Freepik

4. "Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kula ingkang mboten angsal idining sarak, dalem nyuwun pangapunten. Mugi lineburo ing dinten riyaya punika."

5. "Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko."

6. "Pak, bu, sedoyo lepat kulo nyuwun pangapunten nggih?"

7. "Kulo tiyang enem, nyuwun pangapunten sedoyo kalepatan kawulo dumateng Bapak/Ibu/Mbah."8. "Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko."

Baca Juga: TERLENGKAP! Teks Bacaan Takbiran Hari Raya Idul Fitri 2022 Lengkap dengan Link Download MP3 Takbiran Gratis

9. "Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu. Sepisan, nyaos sembah pangabekti mugi katur ing ngersanipun Bapak/Ibu. Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih, mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu."

10. "Kepareng matur dhumateng (bapak/ibu) sowan kula wonten mriki, ingkang sepisan silaturrahim, kaping kalihipun ngaturaken sugeng riyadi, ngaturaken sedaya lepat nyuwun pangapunten, kaping tiga nyuwun donga pangestunipun supados kula saged dados putra ingkang sholeh, migunani dhateng agami, nusa, bangsa, lan nagari, lancar anggenipun pados ilmu ingkang manfaat, gampil anggenipun pados rejeki ingkang halal lan thayyib, saha sukses nglampahi gesang ing donya lan akhirat."

11. "Kepareng matur simbah sepisan kula sowan mriki mboten sanes badhe silaturahmi, kaping pindhonipun ngaturaken sugeng riyadi, sedaya lepat kula nyuwun agunging pangapura, ingkang kula sengaja menapa mboten dipunsengaja mugi-mugi saged dipunlebur ing dinten riyadi menika."

12. "Kulo mriki sowan dateng ngarsanipun bapak/ibu/mbah, kulo nyuwun pandonganipun bapak/ibu/mbah, kulo nyuwun pangapunten seagengipun samodra pangaksami dhateng sedaya klenta klentunipun lampah kulo tumindak lan anggene kulo matur ingkang kulo jarag nopo dene mboten dipun jareg.

Semanten niko kulo nyuwun mugi mugi saged ndadosaken penggalihipun panjenengan lan manahnipun kulo tentrem.

Halaman:

Editor: Neng Siti Kulsum Ayunengsih


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah